Kamis, 01 November 2012

LIRIK CAKEPAN

lirik cakepan

MAGETAN NGUMANDANG


Pranyoto kuto magetan
Kondang mbangun jiwo ekonomi lan sosial
Manembah moho kuoso
Adedasar poncosilo
Angumandang tansah ngumandang
Sak indenge nuswantoro
Kawuryan tansah kaloko kuto pariwisoto
Pro tani noro projo lan tamtomo
Golong nunggal cipto roso budi lan karso
Gumregut tumandang ambangun negoro
Kang tumuju marang katentreman
Tuwin karaharjan sarto kabudayan
ing kuto lan deso magetan ngumandang


WADUK GONGGANG

(original song ''waduk wonogiri")

Pancen endah disawang
Waduk gonggang kalebu lokasi
Senenge atiku yen nyawangwaduk gonggang pancen katon asri

Tansoyo dino minggu
Sing do plesir podo ngguya ngguyu
Senenge atiku rasane
Ora kroso jebul wayahe wes sore

Sayur dik soko gonggang
Nadyan ra campur aku tetep sayang
Sayur dik soko janggan
Nadyan ra kumpul aku malah tambah sayang

Genilangit dik alastuwo
Kalah disik riko ojo gelo
Kripik dik soko poncol
yen ngelirik ojo duweke konco

Tidak ada komentar:

Posting Komentar